NASKAH CIDRA SEMAYA (Bahasa Jawa)
CIDRA SEMAYA
Adaptasi dari
Cerita Roro Jonggrang
Musik tari masuk (gitar, kendang/jimbe)
BABAK I
(kendang
dan kenong)
Adegan 1
PANGGUNG
BERBENTUK PROCENIUM. DI TENGAH PANGGUNG TERDAPAT BATU YANG BESAR. LAMPU LATAR
BERWARNA MERAH. SUARA MUSIK MENEGANGKAN DIIRINGI GAMELAN TABUH JIWA MERTA.
RATU
BAKA DAN BANDUNG BANDAWASA BERTARUNG DI ATAS PANGGUNG. MEREKA SALING SERANG
SATU SAMA LAIN. SUARA MUSIK MENJADI PELAN.
(1) Bandung
Saiki
wis titi wancimu Ratu Baka. Kowe milih mundur apa milih keris iki sing bakal
mancep ing dadamu. (Ratu Baka sudah tidak
bisa berkutik lagi)
(2) Ratu Baka
Iya,
aku nyerah. Prambanan saiki duwekmu. Aku wis ora bisa apa-apa. (Lampu biru)
BANDUNG
BANDAWASA KEMUDIAN MELEPASKAN CENGKERAMANNYA. DIA TIDAK JADI MENIKAM RATU BAKA
YANG SUDAH MENYERAH. MEMANG SEORANG KSATRIA SEHARUSNYA SEPERTI ITU, MELEPASKAN
MUSUHNYA KETIKA SUDAH TIDAK BERDAYA.
KETIKA
BANDUNG BANDAWASA BERBALIK BADAN, TIBA-TIBA RATU BAKA MENGHANTAMKAN KEPALA
BANDUNG BANDAWASA KE BATU. SEKETIKA ITU BANDUNG BANDAWASA TIDAK BERDAYA.
(3) Ratu
Baka
Rasakna
Bandung Bandawasa! (tertawa licik)
Aja
ngimpi isa nguasai Prambanan. Aja ngimpi isa nglangkahi mayitku. Aja ngimpi…!!!
Hahahahaha…..
(4) Bandung
K…Ko…Kowe
wis ngingkari janjimu Baka.
(5) Ratu
Baka
Aku
ora urus karo janji. Sing penting saiki nyawamu ing tanganku, Bandung.
Musik
(Saron 12321.12321.111111222222111111 2X dan gendang)
Adegan 2
Buta
tiba-tiba masuk panggung disertai asap tebal.
(6) Buta
Heh
Ratu Baka…!!! (suara menggelegar)
(7) Ratu
Baka
Sapa
kowe??? (kaget)
(8) Buta
Ora
usah takon aku sapa. Ora penting. Pokok sing nganti nglarani kanjeng Bandung,
yo iku sing dadi musuhku. Sing bakal nyawane tak iberna saka ragane.
(9) Ratu
Baka
Aku
ora wedi. Iki Prambanan negaraku. Kowe ora bisa apa-apa ing kene.
RATU
BAKA DAN BUTA AKHIRNYA ADU KEKUATAN. RAUT WAJAH BANDUNG BANDAWASA TERLIHAT
SEDIH DAN MURAM. SESUNGGUHNYA DIA TIDAK MAU HAL INI TERJADI KARENA DIA TAHU
KALAU BUTA YANG AKAN MENANG DAN RATU BAKA PASTI YANG AKAN DIBUNUHNYA. WALAUPUN
RATU BAKA NANTINYA AKAN MENYERAH, BUTA ITU TIDKA AKAN PEDULI.
(10) Ratu
Baka
Aku
nyerah. Ampun…
(11) Buta
Apa?!
Ora ana ampun kanggomu.
(12) Ratu
Baka
Prambanan
iki tak wehna Bandung. Aku janji!
(13) Buta
Wis
ping pira kowe mblenjani janji?!
(14) Ratu
Baka
Iya,
iya. Tak tambahi lek Prambanan isih kurang, anakku Roro Jonggrang tak wenehne
pisan. Aku lila Roro Jonggrang kok dadekne selire Bandung.
(15) Buta
Wis,
kowe ora usah kakehan cangkem Baka. (mengeluarkan
ajian)
AKHIRNYA
RATU BAKA TEWAS DI TANGAN BUTA BANDAWASA. BUTA ITU KEMUDIAN MENOLONG BANDUNG
BANDAWASA YANG SEJAK TADI TERGELETAK DI ATAS BATU DAN MEMBAWANYA PERGI
MENINGGALKAN MAYAT RATU BAKA.
(23523535.23523535.235235
gradasi semakin nyaring diakhiri 1)
Adegan 3
RORO
JONGGRANG MASUK MEMANGGIL-MANGGIL AYAHNYA. DIA KEBINGUNGAN MELIHAT KERAJAAN
YANG BERANTAKAN.
(16) Roro
Jonggrang
Rama,
Rama….!!!! Kula ajrih, Rama. Rama dhateng pundi? Kula piyambakan dhateng mriki,
Rama…. (mimik sedih, muram, kemudian
menangis)
RORO
JONGGRANG AKHIRNYA MELIHAT RATU BAKA YANG SUDAH TIDAK BERNYAWA.
(17)
Roro Jonggrang
Rama,
pranyata namung dugi semanten panjenengan ngancani kula. Kula sakniki sampun
mboten gadhah sinten-sinten malih, Rama. (sambil
menangis)
(18) Roro
Jonggrang
Sapa
sing tega nyelakani ramaku nganti kaya mekene? (mimik berangsur-angsur menjadi marah)
(Rara Jonggrang menemukan sebilah keris)
Sing
tega nglakoni iki mesti dudu kesatria. Ora mungkin kesatria mateni musuh sing
wis gak isa apa-apa. Aku janji bakalan bales sapa wonge sing wis tega newasake
rama. Aku janji…
(FADE OUT)
BABAK II
Musik
(saron)
1
Sang
hyang jagat eka widihi
5
Paringana
ingsun dalan
2
Abot laku karep
seneng
1 5
Apa salah
ingsung tresna
1 2 1
Mring dinda
Roro Jonggrang
2
Duh gusti atiku
luruh
1
2 1
Apes temen
nasib iro
Adegan 1
TERDAPAT
KELAMBU PUTIH BESAR DI TENGAH PANGGUNG. DI DEPAN SAMPING TERDAPAT BATU YANG
DIDUDUKI OLEH BANDUNG BANDAWASA YANG SEDANG MENUNGGU RORO JONGGRANG. RORO
JONGGRANG HANYA TERLIHAT BAYANGANNYA YANG TERSOROT DARI BALIK KELAMBU PUTIH
SAMBIL MELAKUKAN TARIAN DENGAN IRINGAN LAGU JAWA YANG PELAN SERTA HARMONIS.
(19) Bandung
Dinda
Roro Jonggrang
Aku
ngenteni sliramu ing kene
Aku
kangen marang netramu sing isa ngademke ati iki
Adegan 2
KELAMBUPUN
MENYIBAK DAN TERLIHAT RORO JONGGRANG DISERTAI DUA EMBANNYA YANG SEDANG
MELAKUKAN GERAKAN TARI PELAN.
(20) Roro
Jonggrang
Wonten
menapa kang mas Bandung?
(21) Bandung
Ora
ana apa-apa. aku mung kepingin weruh sliramu.
(22) Roro
Jonggrang
Panjenengan
mriki kaliyan sinten mas?
(23)
Bandung
Karo
abdiku. Nanging dheweke mau isih ing mburi.
(24) Roro
Jonggrang
Mangga
pinarak dhateng nglebet kemawon, Kangmas.
(25) Bandung
Oh,
ora usah. Ing kene wae lungguh ing taman kene malah enak, tur alami, Jeng. (sambil menggoda Roro Jonggrang)
(26) Roro
Jonggrang
Lhah
pripun ta Kangmas.
(27) Bandung
Wis
wis ora apa-apa Jeng. Niatku mrene iki mau, aku… (terdiam lama)
(28) Roro
Jonggrang
Wonten
napa ta Kangmas?
(29) Bandung
A…aku…
Aku
isin Jeng. (sambil tersenyum malu)
(30) Roro
Jonggrang
Kangmas
niki kok kados kalih sinten kemawon. Pun ta mboten usah isin.
(31) Bandung
Hmm..(menghela napas)
Wis
suwe aku nyawang sliramu. Wis suwe aku kenal sliramu Jeng. Uga wis suwe aku
mendhem rasaku iki. Aku tris…(terpotong)
(Saron 532353335321211
3X dan kendang)
Adegan 3
TIBA-TIBA
ABDI BANDAWASA MASUK DENGAN TERBURU-BURU DAN JATUH DI DEKAT BANDUNG BANDAWASA.
MEREKA YANG SEDANG DI PANGGUNGPUN KAGET TIDAK TERKECUALI DENGAN BANDUNG
BANDAWASA.
(32)
Abdi
Kanjeng,
Kanjeng…(sambil terengah-engah)
(33) Bandung
HHH…apa
maneh ta Jo. Kowe iku mesti gawe gara-gara.
(34) Abdi
Anu
Kanjeng!!
(35) Bandung
Ona-anu.
Anu apa?
(36) Abdi
Anu
ne (sambil menunjuk keluar)
(37) Bandung
Heh,,!!
Anune sapa?
(38)
Abdi
Anu
ne kanjeng Bandung.
(39) Bandung
Loh
(sambil melihat dan memegang anunya)—(Roro Jonggrang ikut tertawa)
(40) Abdi
Sanes
anu niku Kanjeng.
(41)
Bandung
Ooo…
Gendeng…
(42) Abdi
Lha
kanjeng kesesa kemawon.
(43) Bandung
Ora
kesusu piye. Lha wong kowe ona-anu ora jelas.
(44) Abdi
Niku
lo Kanjeng. Belo.
(45) Bandung
Nyapo
Belo?
(46) Abdi
Belo
mlayu Kanjeng.
(47) Bandung
Lhoh
lha kok isa?! Iki mesti arep mbok ambung maneh. Iya ta?
(48)
Abdi
Nggih
mboten ta Kanjeng. Masa ganteng kados kula ngeten niki purun ngambung jaran.
(49) Bandung
Ngganteng
teka ngendi awakmu kui Jo, Jo. Wong ya pada karo jaran ngono lo.
(50) Abdi
Lha
lek kula ngeten niki kados jaran, kanjeng Bandung napa?
(51) Bandung
Ooo…
Asu..!!!
(52) Abdi
O
nggih kados asu.
(53) Bandung
Lhoh…(mendekati Abdi). Kowe mau muni apa?
Balenana ndang!!
(54) Abdi
Mbo..mboten
Kanjeng. (sambil tertawa takut)
(55) Emban
1
Heh…!
Ora pareng ngono iku. Kanjeng Bandung iku rajamu. Kok malah ora mbok hormati.
(56)
Emban 2
Iya.
Abdi gemblung pancenan kowe ki.
(57) Abdi
Uwis-uwis
aja kok tambahi. Ngapunten Kanjeng.
(58) Bandung
Iya
wis lungguha kana. Jarane jarna ae wis. Pancen kowe iku ngurus ngono wae ya ora
pecus.
(59) Abdi
Matur
sembah nuwun Kanjeng. (jalan pelan-pelan
dan duduk di dekat emban-emban)
(60) Bandung
Kowe
ki nyapo mrono. Kene rene! Ngapunten Jeng (kepada
Roro Jonggrang).
(61) Roro
Jonggrang
Mboten
napa-napa Kangmas.
(62) Bandung
Oh
iya mau, aku mung kepingin yen awakmu isa dadi permaisuriku. Ibu teka
anak-anakku.
(instrument musik menegang)
RORO
JONGGRANG KAGET MENDENGAR PENUTURAN BANDUNG BANDAWASA SEPERTI ITU. TIDAK
MUNGKIN DIA MENIKAHI ORANG YANG SUDAH MEMBUNUH AYAHNYA TERSEBUT. WAJAH RORO
JONGGRANG TERLIHAT SANGAT KEBINGUNGAN.
(65) Roro
Jonggrang
Ngapunten
Kangmas Bandung Bandawasa. Kula butuh wektu. Kula mboten saget upami langsung
nampi sakniki.
(66) Bandung
Oalah…
Ora apa-apa Jeng. Tak enteni kapan isamu. Ora kudu sakiki kowangsuli.
(67)
Roro Jonggrang
Matur
sembah nuwun Kangmas.
(68) Bandung
Ya
wis. Sesuk isuk tak parani ing bale Prambanan. Tak enteni wangsulanmu. Saiki
aku nyuwun pamit.
(67) Roro
Jonggrang
Nggih
Kangmas…(mimik ketakutan)
(68) Bandung
Ayo
mulih Jo. (berdiri dan mengajak Abdi)
(69) Abdi
Mengko
sik ta lah. Ngganggu wae kowe ki. (sambil
main mata, menggoda emban)
(70) Bandung
Jo…!!!
(71) Abdi
Hee..
Inggih Kanjeng (langsung tersadar)
BANDUNG
BONDOWOSO DAN ABINYA KELUAR PANGGUNG
Adegan 4
SUASANA
DI DALAM PANGGUNG MENJADI MENEGANGKAN. RORO JONGGRANG BINGUNG DENGAN UCAPAN
BANDUNG BONDOWOSO. DIA MENCOBA BERPIKIR BAGAIMANA JALAN KELUAR UNTUK MENOLAK
BANDUNG BONDOWOSO
(72)
Roro Jonggrang
Aku
kudu piye? (bertanya pada emban)
(73) Emban
1
Kula
mboten mangertos kados pundi mangke.
(74) Emban
2
Langsung
jenengan wangsuli mboten purun kemawon.
(74) Roro
Jonggrang
Ora
mungkin. Aku wedi. Aku wedi yen dheweke ngamuk. Aku ya ora mungkin isa nrima
wong sing wis mateni ramaku dewe.
(75) Emban
1
Piye
lek diwenehi syarat sing ora bakal bisa bakal dilakoni Bandung Bandawasa?!
(76)
Emban 2
Pinter
kowe (sambil menoyor)
(77)
Emban 1
Iyo
lah, anake sapa?
(78)
Emban 2
Jan
pinter tenan’e (menoyor lagi)
(79)
Emban 1
Yo
mesti (agak jengkel dan bersiap-siap menghindar)
(80)
Emban 2
Ngunu ae nesu .... Minta maaf !!!
(81)
Roro Jonggrang
Uwis
–uwis kok malah tukaran
Saran
sampean masuk akal tapi syarate apa ya ... (samnil berpikir)
Ya..ya..
kepriye yen sesok aku menei syarat gawe 1000 candi ing pelataran prambanan.
Candi
iku kudu digawe mung sewengi. Kepriye?
(82) Emban
1
Inggih, saget banget niku mboten mungkin
Bandung Bondowoso saget ndamel
(83) Emban
2
Loh..loh..ojo
ngentengne Bandung Bondowoso iku sakti banget, isa uga deweke gampang yen gawe
1000 Candi.
(84)
Emban 1
Ora
mungkin isa mung sewengi
(85)
Roro Jonggrang
iyo,
ora mungkin
Yo
wes sesuk tak temonane Bandung Bondowoso. Tak omongne iki syarate
(
Saron 11112123255332221 3X dan Kendang)
RORO
JONGGRANG, EMBAN 1, LAN EMBAN 2 PUN KELUAR PANGGUNG DIIRINGI LAGU
(Fade
Out)
BABAK 3
(saron
6612661266336655333366552533221 dan kendang)
Adegan 1
SUASANA
MALAM HARI, SUARA ALUNAN GAMELAN PELAN. BANDUNG BONDOWOSO DUDUK DI ATAS BATU
SEDANG MENUNGGU RORO JONGGRANG. ABDINYA MENGIKUTI TINGKAH LAKU SERTA
GERAK-GERIK BANDUNG BONDOWOSO DENGAN KELUCUANNYA.
(86)
Bandung Bondowoso
Kowe
iki nyapa ta, Ja?
(87)
Abdi
Hehehehe..mboten
kanjeng! (sambil tersenyum)
(88)
Bandung Bondowoso
Kok
suwimen ya, Ja?
Wis
2 jam luwih awake dewe ngenteni ing kene wingi lak janjiane pener yahmene ta, Ja?
(89)
Abdi
Inggih
kanjeng, leres! Menawi taksih macet.
(90) Bandung Bondowoso
Oalah,
mbok pikir iki Jakarta ta, Ja. Wong yo anane mung jaran karo keretana, yo ora
bakal macet ta, Ja.
(91) Abdi
Oh, inggih gih,
ndoro. Jenengan pinter he! Pinter tenan.
(92) Bandung Bondowoso
Loh, piye ta
cah iki, wis wis, Ja. Wis gak usah rame ae, tambah mumet aku mikir kowe.
(
Saron 11112123255332221 3X dan Kendang)
Adegan
2
RORO
JONGGRANG DAN PARA EMBANNYA MASUK KE DALAM PANGGUNG DIIRINGI LAGU JAWA. ABDI
DAN BANDUNG BONDOWOSO LANGSUNG BERDIRI. ABDI MENGAMBIL POSISI DI BELAKANG
BANDUNG BONDOWOSO.
(93)
Roro Jonggrang
Ngapunten,
Kang Mas Bandung.
(94)
Bandung Bondowoso
Ora
apa-apa, Jeng. Yo wis saiki kepriye wangsulanmu?
(95)
Roro Jonggrang
(wajah’e
kebingungan)
Sak
derengipun kula nyuwun agunging samudera pangaksami.
Mbok
bilih kula gadah kalepatan kula.........
(96)
Abdi
(tiba-tiba
menangis) Oalah kanjeng gusti!
(97)
Emban 1
He,
kowe iki ngapa nangis?
(98)
Emban 2
Wo,
pancene bocah kenthir.
(99)
Abdi
terharu
iki lo, terharu.
(100)
Emban 2
wong
yo ora ngapa-ngapa kok isa terharu?
(101)
Abdi
Pancen
kowe kui kurang sensitive (masih menangis)
(102)
Bandung Bondowoso
Terusno
(mendatangi dan menjewer Abdi)
Rungakna
disik, iki durung mari lek ngomong.
(103) Abdi
Inggih-inggih,
Kanjeng.(merasa kesakitan karena jeweran Bandung Bondowoso)
(104)
Bandung Bondowoso
Wis
terusno, Jeng.
(105)
Roro Jonggrang
Kula
purun dados Permaisuri panjenengan.
(106)
Abdi
Matur
suwun, Gusti. (berteriak keras dan langsung histeris)
(107)
Bandung Bondowoso
Ngeget-ngegeti
wae (kaget karena teriakan Abdi)
Coba
balenono, Jeng!
(108) Roro Jonggrang
inggih,
kula purun dados permaisuri panjenengan. Hananging kula gadah syarat, Kang Mas.
(109) Bandung Bondowoso
Loh? Kok dadak
gawe syarat barang. Yo wis, opo syarate?
(110) Roro Jonggrang
Syaratipun
kula nyuwun mas kawin 1000 candi. Mbenjing enjing kedah sampun jumeneng dateng
Prambanan niki!
(111) Bandung Bondowoso
hah! Gendeng
opo piye? (kaget mendengar syarat tersebut)
(112) Roro Jonggrang
Kula purun yen
candi niku mbenjing enjing sampun jumeneng
teng mriki.
(113) Bandung Bondowoso
La lek ora isa?
(mimik berubah)
(114) Roro Jonggrang
Kula inggih
mboten purun.
(115) Bandung Bondowoso
(marah)
Sakjane
kowe iku gelem opo ora dadi bojoku. Ojo mbulet wae ngono. Menehi syarat sing
ora-ora.
(116) Roro Jonggrang
Niku
sampun kula pikir, Kanjeng. Nggihpun, kula nyuwun pamit. Mbenjing enjing kula mriki maleh,
ningali panjenengan. Menawi saget damel, kula purun dados permaisurinipun
panjenengan. (langsung keluar diikuti emban-emban)
(117) Bandung Bondowoso
Jonggrang,
Jonggrang, mengko disik. (memanggil Roro Jonggrang)
Aku
kudu kepriye iki (kebingungan sambil mondar-mandir. Gerak geriknya lagi-lagi diikuti oleh Abdi)
Heh, awakku isa
mandek apa ora?
(118) Abdi
Lah panjenengan
nggih obah kemawon. Kula niki empati, Kanjeng.
(119) Bandung Bondowoso
Empati, empati,
lek pancene empati gawekna aku candi
(120) Abdi
He, mboten
saget. Kan panjenengan ingkang sakti, Kanjeng.
(121) Bandung Bondowoso
Yo wis menengo
wae lek ngono.
Adegan
3
Musik
(Gitar dan Saron 22 22 22 22)
BANDUNG
BONDOWOSO DUDUK BERSILAH, LAMPU LATAR MENJADI MERAH. BANDUNG BONDOWOSO KEMUDIAN
MENYANYIKAN TEMBANG JAWA UNTUK MEMANGGIL BUTO. ABDI DALEM TETAP MENGIKUTI
GERAK-GERIK BANDUNG BONDOWOSO. BUTO KEMUDIAN KELUAR ATAU MASUK KE DALAM
PANGGUNG. ABDI DALEMPUN TAKUT.
(122)
Buto
Hahahahaah..wonten
napa Kanjeng Bandung?
(123) Bandung Bondowoso
Aku
njaluk tulung gaweno candi cacah’e 1000. Sesuk isuk candi iku wis kudu dadi.
Kepriye?
(124) Buto
Hahahaa,
sendiko dawuh, kanjeng Bandung.
(125) Bandung Bondowoso
Yo wis, saiki
celuk’en bala-balamu.
BUTO
PUN MEMANGGIL TEMAN-TEMANNYA. SETELAH ITU, MEREKA MELAKUKAN TARIAN UNTUK MEMBUAT
CANDI. CANDI YANG DIBUAT MERUPAKAN CANDI DARI MANUSIA. CANDI ITUPUN MENARI
MENGIKUTI ALUNAN LAGU HINGGA MEMBENTUK SUATU CANDI. AKAN TETAPI, SEBELUM CANDI
TERSEBUT JADI, AYAM PUN SUDAH BERKOKOK. HAL ITU MEMBUAT PARA BUTO LARI TUNGGANG
LANGGANG. BANDUNG BONDOWOSO KEBINGUNGAN KARENA CANDI TERSEBUT BELUM SELESAI.
Adegan 4
RORO
JONGGRANG MASUK PANGGUNG DIDAMPINGI OLEH EMBANNYA, LAMPU LATAR BERWARNA BIRU.
(126)
Roro Jonggrang
Pripun,
Kang Mas?
(127)
Bandung Bondowoso
(masih
kebingungan menghitung) coba itungen!
(128)
Roro Jonggrang
Inggihh,
Kang Mas.
Coba
Yu, itungen!
(129).
Emban 1
(menghitung)
Ngapunten,
Kanjeng Ratu. Niki candine kirang 1.
(130)
Roro Jonggrang
Njenengan
pun mireng ta, Kang Mas?
(131)
Bandung Bondowoso
Heh,
awakmu ojo sembrono guyonan karo aku (mimik marah). Iku mesti ana apa-apa.
Iki
isih tengah bengi, hananging sliramu gawe gara-gara supaya etok- etoki iki wis
isuk. Aku ngerti.
(132) Roro Jonggrang
loh pripun ta,
Kang Mas?
Wau kan pun
janji, menawi botea saget.
(133) Bandung Bondowoso
Haah…. Rak
peduli aku karo janji, wis saiki jujuro apa karepmu.
(mendorong Roro
Jonggrang sampai terjatuh)
(134) Roro Jonggrang
Iyo, Kang Mas.
Aku ngaku.
Saktenane aku
emoh bebojoan karo Kang Mas.
Ora mungkin aku
bebojoan karo wong sing wes mateni ramaku.
Aku ngerti,
Kang Mas, yen sampean iku sing mateni Ratu Baka, ramaku.
(135) Bandung Bondowoso
(agak menyesal)
Aku ora mateni, Jeng.
(136) Roro Jonggrang
wis Kang Mas
ora usah ngapusi.
Iki aku nemu
keris’e, Kang Mas ing sanding layon rama.
(137) Bandung Bondowoso
Iyo, iku
kerisku.
Nanging matine
Ratu Baka dudu karepku.
(138) Roro Jonggrang
Aku panggah
wegah.
(139) Bandung Bondowoso
(marah) Yo
uwis, yen ngunu kepetusanmu tak iyani.
Nanging
ngertia, aku ora tau mateni ramamu, sing mateni iku Buto, dheweke Abdiku. Aku
ora isa nyegah merga wektu iku ramamu ngapusi aku, banjur aku sing arep
dipateni.
Ramamu
yo wis mateni ramaku. Hananging titik ae aku ora ana rasa dendam mring ramamu.
Terus
siji maneh, saiki aku bakalan netepi janjiku gawe candi cacahe 1000, candi iku
kurang 1.
He Roro
Jonggrang, dadio watu lan genepi candi Prambanan iki ……….!!!!!
RORO
JONGGRANG AKHIRNYA JADI BATU DAN MENGGENAPI 1000 CANDI PRAMBANAN TERSEBUT.
Musik
(Gitar dan Saron 22 22 22 22)
(Fade out)
Blitar, 9 Februari 2014

Komentar
Posting Komentar